Menulis Cerita Pengalaman Bahasa Jawa tentang Hobi /Mainan Kesukaan

Menulis Cerita Pengalaman Bahasa Jawa tentang Mainan Kesukaan

Hari ini anak-anak menulis cerita pengalaman menggunakan bahasa Jawa. Isi cerita mereka adalah tentang hobi atau mainan kesukaan mereka.

Saya memang ingin membiasakan mereka, atau tepatnya mengakrabkan mereka dengan bahasa Jawa keseharian. Salah satu caranya adalah dengan berlatih menulis cerita pengalaman dengan menggunakan bahasa Jawa.

Beberapa cerita pengalaman yang pernah mereka tulis bisa Anda baca pada tautan berikut ini:



Nah, berikut ini saya tuliskan beberapa cerita mereka tentang mainan kesukaan. Selamat membaca!

Menulis Cerita Pengalaman Bahasa Jawa tentang Hobi / Mainan Kesukaan


www.rifanfajrin.com

Pit-Pitan

Dening Tabina


Hai jenengku Tabina Vanesha Wibowo. Aku kelas telu (3A). Aku sekolah ning Labschool Unnes.

Aku seneng dolanan pit-pitan saben sore. Aku biasane pit-pitan jam lima (5) sore. Aku balik biasane nalika ameh magrib kira-kira jam enem (6) sore.

Aku seneng banget dolanan pit-pitan. Aku yo ora ngerti kok seneng banget mbek pit-pitan.

Mbiyen aku ora iso pit-pitan nangin sinau-ne (latihane) nganggo pit roda papat. Aku nek sinau saben prei, soale aku kudu sekolah.

Saiki aku wes iso pit-pitan. Aku bisa numpak pit wiwit kelas loro (2) SD.

[]

Dolanan Ning Taman

dening Aila


Dino iki aku lan kancaku arep dolanan ning taman. Aku lan kancaku dolanan petak umpet ning taman. Aku dolanan karo ati bungah.

Saliyane dolanan petak umpet, aku dolan mlayu-mlayu karo kancaku. Bubaran dolanan sakbenere aku kesel lan ngelak. Mula akhire aku lan kancaku tuku ngombe lan tuku es krim.

Aku lan kancaku mangan es krim neng cedhak lapangan, sinambi ndelok bocah-bocah padha dolanan bal-balan.

Sakbenere aku bosen ndelok dolanan bal-balan, lan aku mbek kancaku dolanan ABC 5 Dasar ning taman.

Nanging aku yo bosen meneh dolanan ABC 5 Dasar. Akhire aku lan kancaku sholat maghrib wae neng musola.

[]

Dolanan Kesenenganku Boneka

dening Putik


Hai jenengku Putik. Aku seneng dolanan boneka karo kancaku. Nangi aku sering dolanan dewekan. Amerga aku males metu saka omah. Dadine aku dolanan dewekan.

Kancaku biasane dolan neng omahku. Lan biasane aku sing dolan ning omah kancaku dolanan boneka. Seru banget lan aku nganti lali wektu.

Ujug-ujug wes jam 3 sore. Aku langsung bali omah. Atiku seneng banget dolanan boneka karo kancaku. Amarga dolanan boneka kui sangat seru. Boneka seng paling tak senengi yaiku boneka barbie.

[]

Dolanan Bal-Balan lan Joker-Jokeran

dening Gilang


Aku seneng dolanan bal-balan. AKu dolanan bal-balan karo kancaku. Sakwise bubaran sekolah, biasane aku dolanan bal-balan neng panggung sekolah.

Biasane sing nggawa bal yaiku kancaku seng arane Gibran. Sakliyane Gibran, aku yo bal-balan karo kancaku seng arane Rama, Belva, Daniel. Aku bal-balan nganti siji setengah jam.

Sakliyane bal-balan, aku yo seneng dolanan joker-jokeran. Biasane nek dolanan Joker-Jokeran cah wolu. Biasane nek dolanan jokeran ana ing Taman TK. Biasane seng dadi joker kui bocah lanang. Nek seng dadi menungsa biasane cah wedok.

Mengko seng kena joker peng telu bakal dadi joker permanen. Biasane nyawane menungsa telu. Mengko nek dadi joker kabeh, berarti jokere seng menang.

[]

Dolanan Kesenanganku Ayunan Ing Taman

dening Nandis


Dek wingi aku lan adiku dolanan ayunan ing taman. Ning taman ana kanca-kancaku. Kancaku akeh banget. Ana sing dolanan bal-balan, ana sing dolanan pit-pitan, lan ana sing mlayu-mlayu.

Aku lan adiku numpak ayunan bareng. Rikala wingi aku seneng banget numpak ayunan. Aku lan adiku nganti ngelak. Banjur aku lan adiku lunga menyang warung tuku es teh.

Sawise aku jajan, aku lan adiku dolanan meneh karo kanca-kancaku.

Sawise dolanan ing taman, aku bali ning umah. Aku bali numpak pit. Sawise tekan omah, aku lan adiku banjur adus. Sawise adus, aku lan adiku nonton TV bareng. Sawise nonton TV, aku solat magrib karo adiku. Sawise solat aku maem. Sawise maem aku solat isyak. Sawise solat isyak aku turu.

[]

Dolanan Kesenangku Sepatu Roda

dening Fesie


Hai jenengku Fesie. Aku seneng dolanan sepatu roda. Aku seneng dolanan sepatu roda amarga dolanan kui seru lan nyenengke banget.

Wingi aku dolanan sepatu roda neng ngarep omah dewean. Aku kui seneng banget dolanan sepatu roda senajan aku ora ana kancane dolanan sepatu roda.

Aku dolanan sepatu roda kui ora sering-sering. Nanging kadang biasane aku dolanan sepatu roda jam 3 utawa jam 4 sore.

Sakbenere aku kui ana kancane dolanan sepatu roda. Nanging kanca-kancaku pada dolanan neng omahe dewe-dewe.

Kadang aku ngajak kakakku (kangmasku) ngancani aku dolanan sepatu roda. Nanging kangmasku ora gelem. Kangmasku geleme dolanan karo kancane dewe.

Hampir kangmasku ora tau dolanan karo aku saben dina. Nanging aku ora peduli. Aku pokoke seneng dolanan sepatu roda.

[]

Dolanan Egrang

dening Jihan


Jenengku Jihan. Aku seneng dolanan egrang. Pas sore, aku seneng dolanan egrang. Aku pinter dolanan egrang. Jarene ibukku, iku kemajuan.

Kadang aku ora iso dolanan amarga aku sibuk.

Bapakku juga pinter dolanan egrang. Kadang pas istirahat sekolah aku dolanan ing kelas. Kanca-kancaku pada njaluk diajari piye carane dolanan egrang.

Nanging aku isih bungah. Pas iku aku karo kanca-kancaku dolanan egrang pas dina Kamis.

[]

Baca Juga: Contoh Pidato Perpisahan Sekolah dengan Menggunakan Bahasa Jawa
close