Contoh Cerita Pengalaman Liburan Sekolah dalam Bahasa Jawa Singkat

Membuat cerita pengalaman liburan sekolah dalam bahasa Jawa.

Cerita pengalaman liburan kali ini akan kami sampaikan dengan menggunakan bahasa Jawa.
Cerita ini singkat sekali, yang sebenarnya tidak cukup untuk menceritakan seluruh pengalaman liburan yang sangat seru dan banyak sekali aktivitasnya.

Semoga bermanfaat.

Cerita lain yang ditulis dalam bahasa Jawa, bisa dibaca pada tautan berikut ini:


www.rifanfajrin.com


Dolan Bareng Keluarga Ing Wayah Preinan


Nalika prei sekolah wingi, aku mung nonton TV neng umahku. Suwe-suwe aku krasa bosen. Untung tanggal 28 Desember 2019, esuk-esuk banget bulikku teka ing umahku ing Semarang. Bulik teka sekalian bareng keluargane. Bulik lan keluarga nginep ing umahku sedina sewengi.

Aku diajak dolan menyang Pelabuhan. Aku mangkat kira-kira jam telu sore. Bareng-bareng aku dolanan ing pelabuhan rencanane nganti jam lima sore. Nalika mlaku-mlaku nonton kahanan lan eloke pemandangan laut, aku kesasar lan muter-muter. Aku bingung nggoleki sedulur-seludurku kabeh. Amarga kedadean kuwi, aku lan keluarga lagi tekan omah jam enem punjul, kira-kira jam 18.45 nalika langit wes malih dadi peteng. Tekan omah, aku lan sedulur-sedulurku langsung makan malam amarga weteng iku wes krasa ngelih banget.

Dina esuke, bulikku arep kondur menyang Purbalingga. Aku diajak melu bali menyang Purbalingga. Cetho wae aku seneng banget, iso dolan kumpul karo sedulur-sedulurku ing Purbalingga.

Ing Purbalingga, aku nginep ing daleme bulikku mung sedina sewengi. Dina sesuke, aku ganti dolan lan nginep ing dalemipun Simbah/Eyang. Aku tekan daleme Eyang wayah esuk kira-kira jam 06.10.

Aku banjur dolan menyang Kolam Renang Mulyani bareng Om lan keluargaku. Tapi Om ora melu njegur nglangi ing kolam. Mung aku wae seng njegur renang lan dolanan banyu. Oya, aku renang kira-kira jam 2 awan nganti jam 3. Sawise renang, aku krasa ngelih banget, mula aku banjur tuku Ayam Krispi sing rasanya enak lan nikmat banget dimaem sawise renang. Sawise maem, aku ora lali nindakake solat asar.

Aku nginep ing daleme Eyang kurang luwih patang dina (4 hari). Jane yo wes rada suwe, tapi kok rasane cepet banget gantine dina. Tandane preinan sekolahku wes meh entek. Aku kudu enggal-enggal balik Semarang amarga sekolahku wes arep mlebu. Aku kudu enggal-enggal siap-siap kanggo sekolah, nggolek ilmu kanggo masa depanku supaya cita-citaku iso terwujud utawa tercapai.

Aku mulih menyang Semarang numpak travel. Aku seneng banget amarga Eyang kersa ngancani aku balik ing Semarang.

[]
close