SOAL DAN JAWABAN SUMATIF AKHIR SEMESTER (SAS) BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 2 KURIKULUM MERDEKA

 


SOAL DAN JAWABAN SUMATIF AKHIR SEMESTER (SAS) BAHASA JAWA KELAS 5 SEMESTER 2 KURIKULUM MERDEKA

A. WENEHANA TANDA PING (X) ING AKSARA A, B, C, UTAWA D SING DIANGGEP BENER! 

Wacanen cerita ing ngisor iki! 

Mudik Lebaran 
Saben tahun nyedaki dina riaya Idul Fitri, akeh wong sing bali ing kota kelahirane dewe-dewe saka perantauane. Pada bali kepengen ketemu karo keluargane dewe-dewe. Kegiatan kaya ngono kui iku istilahe diarani mudik. Wong-wong pada mudik gunakake piranti transportasi apa bae, saka montor, bus, kereta, kapal utawa montol mabur. Saking akehe wong seng pada mudik, dalan-dalan pada macet. Apa meneh pas wes nyedaki dina riaya kurang seminggu. Akeh wong sing mudik asale saka kutha-kutha gede, kaya Jakarta, Surabaya, Bandung, Semarang lan lia-liane. Dina riaya Idul Fitri bisa dadi wektu sing pas kanggo kumpul karo keluargane dewe-dewe, ing wektu iku biasane wong-wong sing pada kerja oleh liburan rada suwe. Dadi iso dimanfaatke kanggo silaturrahim mbi kabeh keluargane sing ana desa-desa. 

1. Apa irah-irahan cerita ing dhuwur?

a. Lebaran 

b. Mudik

c. Mudik Lebaran

d. Riaya Idul Fitri 


2. Kang kalebu alat transportasi kanggo mudik, kejaba …. 

a. Becak 

b. Montor 

c. Kapal 

d. Kereta 


3. Apa tujuane wong-wong pada mudik? 

a. Kepengen dodolan nang desane

b. Kepengen liburan pas wektu Idul Fitri 

c. Kepengen silaturrahim karo keluargane 

d. Kepengen numpak montor mabur 


4. Kenapa nyedaki wektu Idul Fitri dalan-dalan gedhe pada macet? 

a. Amarga akeh wong kang liburan 

b. Amarga akeh wong kang dodolan 

c. Amarga akeh wong kang padha mudik 

d. Amarga akeh wong kang luru keluargane 


5. Ing ngendi tujuane wong-wong padha mudik iku? 

a. Ing panggonan liburan 

b. Ing panggon kerjane 

c. Ing dalan-dalan 

d. Ing kutha kelahirane 


6. Perange Pandhawa lan Kurawa yaiku arane …. 

a. Ramayana 

b. Baratayuda 

c. Baratayana 

d. Dhawakura 


7. Prabu Dewatacengkar iku ratu ing …. 

a. Ngastina 

b. Madukara 

c. Medhangkamulan 

d. Jodhipati 


8. Padaringan iku wadah kanggo nyimpen …. 

a. Duwit 

b. Beras 

c. Gabah 

d. Piring 


9. Aksara Jawa iku jumlahe ana …. 

a. 28 

b. 15 

c. 10 

d. 20 


10. Budi lagi lara demam, wonge krasa cenut-cenut. 
Sing cenut-cenut yaiku …. 
a. Pundhake 
b. Bathuke 
c. Wetenge 
d. Sikile 

11. Andi kui bocah seng ora sopan, wonge ora gelem pamitan. Arep dolan langsung lunga … 
a. Ceg 
b. Dhor 
c. Klepat 
d. Bles 

12. Piranti kanggo babat suket lan pari yaiku …. 
a. Pacul 
b. Parang 
c. Kampak 
d. Arit 

13. Tembung apik iku pada tegese kalian …. 
a. Ala 
b. Seneng 
c. Remen 
d. Becik 

14. Bengi iki rembulane katon bunder. Langite dadi katon padang …. 
a. Jluwang 
b. Njingglang 
c. Dluwang 
d. Abang 

15. Tembung ing ngisor iki sing ora kalebu dasanamane angin yaiku …. 
a. Bajra 
b. Hawa 
c. Bayu 
d. Surya 

B. JAWABEN PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER! 

1. Jun iku wadah kanggo golek …. 

2. Woh aren arane …. 

3. Cerita kancil lan baya iku kalebu cerita …. 

4. Panganane kurang enak, mergane anyep tanpa …. 

5. Semar iku juga nduwe jeneng liya arane ki lurah …. 

6. Biyung, mbok, umi, indhung iku dasanamane …. 

7. Wong kang penggaweane ngladeni ing montor mabur arane …. 

8. Banyu sumure bening kaya …. 


C. JAWABEN PITAKON-PITAKON ING NGISOR IKI KANTHI BENER! 

1. Jelasake kagunaane piranti-piranti ing ngisor iki! 

a. Sapu 

b. Ganco 

c. Cething 

d. Wajan 

Jawab : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………. 


2. Golekana tembung kang pada tegese karo tembung ing ngisor iki! 

a. Dhawuh 

b. Seneng 

c. Elek 

d. Kanca 

Jawab : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………. 


3. Golekana tegese tembung entar ing ngisor iki! 

a. Bening atine 

b. Jembar segarane 

c. Entheng tangane 

Jawab : ………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………. 



kunci jawaban

1. c. Mudik Lebaran 

2. a. Becak 

3. c. Kepengen silaturrahim karo keluargane 

4. c. Amarga akeh wong kang padha mudik 

5. d. Ing kutha kelahirane 

6. b. Baratayuda 

7. c. Medhangkamulan 

8. b. Beras 

9. d. 20 

10. b. Bathuke 

11. c. Klepat 

12. d. Arit 

13. d. Becik 

14. b. Njingglang 

15. d. Surya 


B.

1. Banyu 

2. Kolang-kaling 

3. Dongeng 

4. Rasa 

5. Badranaya 

6. Ibu 

7. Pramugari 

8. Kaca 


C.

1. Kagunaane piranti-piranti ing ngisor iki : 
a. Sapu = Piranti kanggo ngresiki latar 
b. Ganco = Piranti kanggo nduduk lemah 
c. Cething = Piranti kanggo wadah sega 
d. Wajan =Piranti kanggo nggoreng-nggoreng 

2. Goleki tembung kang pada tegese : 
a. Dhawuh = Ngendika 
b. Seneng = Remen 
c. Elek = Ala 
d. Kanca = Bala 

3. Goleki tegese tembung entar : 
a. Bening atine = Sumeh 
b. Jembar segarane = Jembar / gampang ngapurane 
c. Entheng tangane = Seneng bantu wong liya

[]
close