Crita Wayang Pandhawa - Puntadewa

Crita Wayang Pandhawa - Puntadewa

Crita Wayang Pandhawa - Puntadewa

Puntadewa kawentar minangka putra sing sholeh, jujur, sabar, ngugemi tata krama, lila, sregep, lan mituhu. Ngilmu sing ditamatake yaitu bab ngilmu agama. Mula saka iku, sing disenengi yaiku ana ing bab kabecikan, kajujuran, sarta lila-legawa. Minangka putra mbarep, Puntadewa tansah bekti marang wong tuwa lan tresna asih marang para adhi-adhine. Dheweke tansah momong adhi-adhine kanthi rasa asih lan ikhlas. Mula Raden Puntadewa tansah ditresnani para sesepuh, diajeni dening para kanca, lan dibekteni dening para pawongan sing luwih enom.

Pawakane Raden Puntadewa yaiku kuning gumrining, dedeg lencir, ukurane tanggung, kanthi pasuryan bagus ules putih mratandhani sucining ati. Busana lan panggonane wujud gelung keling, sumping waderan, kalung kabomenggah, kelatbau nagamangsa, gelang kana ganda, ali-ali gunung sepikul, kampuh bathik limar lapis, kroncong ngangrangan. Ngendikane alon alus, ngati-ati, lan ngajeni wong liya. Tindak-tanduke anteng kebak ing tata krama.

Nalika dadi ratu ing Amarta, Puntadewa ajejuluk Prabu Yudhistira utawa Prabu Dwijangka utawa sinebut uga Prabu Gunatalikrama. Prabu Puntadewa kagungan pusaka arane Jimat Kalimasada. Prabu Puntadewa kena diarani manungsa setengah dewa. Iku amarga Prabu Puntadewa kagungan ciri-ciri kaya dewa, kayata: getihe putih, sipate sabar, ora kagungan mungsuh, lan tansah tresna marang karukunan.

Prabu Puntadewa iki putrane Prabu Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi Nalibrata. Prabu Puntadewa iku garwane Dewi Drupadi, kagungan putra asmane Raden Pancawala.

Prabu Puntadewa iku ratu ing Amarta kang sabar lan ora seneng perang. Nalika perang gedhe Baratayudha, Prabu Puntadewa dipeksa madeg senapati tanding karo Prabu Salya saka Mandaraka. Prabu Salya gugur, Prabu Puntadewa kang unggul.

[]

Bacaan lain tentang Wayang Pandhawa

1. Tokoh Wayang Kulit Pandhawa

2. Bale Sigala-Gala, Cerita Wayang Pandawa yang Hampir Dilenyapkan oleh Kurawa

3. Pandawa: Kisah Arjuna Membalas Kematian Abimanyu

close