CONTOH SOAL PAS SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 3

Soal Penilaian Akhir Semester 1 (PAS Semester 1) Bahasa Jawa Kelas 3 ini mencakup beberapa materi di antaranya adalah:

  1. Wayang Pandawa
  2. Cerita Kepahlawanan
  3. Ukara Pitakon
  4. Basa Jawa Alus
  5. Tembang Dolanan
  6. Aksara Jawa
Gambar pandawa lima


CONTOH SOAL PAS SEMESTER 1 BAHASA JAWA KELAS 3

1. Pandawa kuwi cacahe ana . . . .
a. telu
b. papat
c. lima
d. enem

2. Pambarepe Pandawa yaiku . . . .
a. Yudhistira
b. Bima
c. Arjuna
d. Nakula - Sadewa

3. Ramane (bapake) Pandawa yaiku . . . .
a. Prabu Kresna
b. Prabu Pandhu Dewanata
c. Prabu Puntadewa
d. Prabu Baladewa

4. Pusakane Raden Harjuna yaiku . . . .
a. Gada Rujakpolo lan Kuku Pancanaka
b. Jamuskalimasada
c. Panah Pasopati
d. Maniktira lan Cupu Tirtamanik

5. Pandawa tansah diparingi pangayoman amarga . . . .
a. seneng nglarani
b. licik
c. seneng ngapusi
d. kendel mbelani bebener

6. Anggotane Pandawa sing dilahirake dening Dewi Madrim yaiku . . . .
a. Nakula - Sadewa
b. Harjuna
c. Bima
d. Yudhistira

7. Sengkuni lan Kurawa nduweni sifat sing . . . .
a. luhur
b. andap asor
c. licik
d. seneng tetulung

8. Abimanyu ingkang gugur ing madyane paprangan ing Kurusetra, iku putrane . . . .
a. Nakula - Sadewa
b. Harjuna
c. Bima
d. Yudhistira

9. Tanggal 2 Mei minangka Hari Pendidikan Nasional, kuwi tanggal wiyosane . . . .
a. Pangeran Diponegoro
b. Raden Ajeng Kartini
c. Ki Hajar Dewantara
d. Jendral Soedirman

10. Nalika isih timur, Ki Hajar Dewantara kuwi asmane . . . .
a. Raden Mas Antawirya
b. Raden Mas Suwardi Suryaningrat
c. Raden Mas Suryapranata
d. Raden Umar Said Cokroaminoto

11. Ki Hajar Dewantara ngedegake sekolah sing kesuwur nganti saiki, yaiku . . . .
a. Sekolah Taman Siswa
b. Sekolah Rakyat
c. Sekolah Taman Masyarakat
d. Sekolah Taman Kanak-Kanak

12. Perang Jawa iku perang antarane Walanda lan . . . .
a. Pangeran Diponegoro
b. Tuanku Imam Bonjol
c. Bung Tomo
d. Raden Ajeng Kartini

13. Pangeran Diponegoro gawe markas ing sawijining Guwa yaiku . . . .
a. Guwa Selarong
b. Guwa Rong
c. Guwa Jatijajar
d. Guwa Kreo

14. Ukara pitakon dipungkasi tanda . . . .
a. titik (.)
b. koma (,)
c. pakon (!)
d. pitakon (?)

15. . . . . sing nyanyi ing panggung kae?
Tembung pitakon sing trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku . . . .
a. kapan
b. ngapa
c. sapa
d. ing ngendi

16. . . . . regane buku cerita kuwi?
Tembung pitakon sing trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku . . . .
a. sapa
b. pira
c. ngapa/geneya
d. kapan

17.Aku seneng mangan bakso, dene Bapak . . . . sate ayam.
a. dhahar
b. ngunjuk
c. tindak
d. siram

18. Simbah Kakung sare ing ngarep tivi, Yeni . . . . angler ing kamar.
a. adus
b. mangan
c. turu
d. lunga

19. Pak Nugroho ora tindak menyang sekolah amarga lara. Tembung sing digaris ngisor sing bener yaiku . . . .
a. sare
b. gerah
c. siram
d. dhahar

20. Kyai Abdurrahman mati ing umur 80 tahun. Tembung mati ora pas utawa ora bener, kudune diganti tembung . . . .
a. seda/wafat
b. gerah
c. lahir
d. pinarak

21. Ing ngisor iki conto tembang dolanan, kajaba/kecuali . . . .
a. Gundul Pacul
b. Cublak-Cublak Suweng
c. Jamuran
d. Padamu Negeri

22. Terusane lagu ing ngisor iki, yaiku . . . .

Menthok-menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
. . . . . . . . . . . . . . . .

a. mangan enak wae
b. ora nyambut gawe
c. ngimpi nduwe gawe
d. dolan dolan wae

23. Ora nyambut gawe artine ing bahasa Indonesia yaiku . . . .
a. tidak mau bekerja
b. enak-enakan tidur
c. di dalam kandang saja
d. jangan diam saja

24. Amanat utawa pesan moral saka lagu menthok-menthok, yaiku . . . .
a. aja dadi wong sing kesed / males, dadiyo wong sing sregep
b. aja dadi wong sing pelit
c. dadiyo wong sing iso dipercoyo
d. aja dolanan wae, sing sregep sinau

25. Tembang dolanan yaiku tembang sing dinyanyekake bocah-bocah sinambi . . . .
a. dolanan
b. dodolan
c. plesiran
d. turu

26. Wacane . . . .





a. jawa
b. jaya
c. jaba
d. jala

27. Kewan sing uripe ing wayah wengi yaiku . . . 

a.       lc                                                      c. ls

b.      lw                                                      d. lf

28. Jenenge Pandawa sing nomer telu yaiku . . . .

a.       jnk                                                 c. jnn

b.      jfk                                                 d. jsk

29. Saiki lagi ulangan Basa Jawa. Basa Jawa yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi . . . .

a.       bcjc                                              c. wzsj

b.      bsjw                                              d. bswj

30.  sz yen ditulis nganggo aksara Latin dadi ….
a. sanga
b. sada
c. sala
d. saka

31. bwn ukara iku tulisane ….
a. wanara
b. bawana
c. janaka
d. banara

32. andr ukara iku yen ditulis dadi ….
a. ana lawa
b. ana dara
c. kana wana
d. lawa sanga

close