Soal PTS 1 Bahasa Jawa Kelas 3 SD 2020/2021

Penilaian Tengah Semester 1 (Gasal)

Kelas : 3 SD/MI

Mata Pelajaran: Bahasa Jawa


Penilaian Tengah Semester 1 Bahasa Jawa Kelas 3 SD/MI


[Mengenal Tokoh Wayang Pandawa]

1. Pandhawa kuwi cacahe ana . . . .

a. 3

b. 4

c. 5

d. 6


2. Pambarepe Pandhawa yaiku . . . .

a. Yudhistira

b. Bima

c. Harjuna

d. Nakula – Sadewa


3. Ramane (Bapake) Pandhawa asmane . . . .

a. Prabu Pandu Dewanata

b. Prabu Dewatacengkar

c. Prabu Kresna

d. Prabu Ramawijaya


4. Pandhawa sing dilahirke Dewi Madrim yaiku . . . .

a. Yudhistira

b. Bima

c. Harjuna

d. Nakula – Sadewa


5. Pusakane Harjuna yaiku . . . .

a. Jamuskalimasada

b. Kuku Pancanaka

c. Gada Rujakpolo

d. Panah Pasopati


6. Pandhawa tansah diparingi pangayoman saka Gusti Sing Mahakuasa amarga Pandhawa duwe watak . . . .

a. Licik

b. Seneng nglarani

c. kendel mbelani bebener

d. Seneng fitnah lan ngapusi


7 . . . . jenenge adimu?

a. ngapa

b. sapa

c. piye

d. kapan


8. “Ranto nangis amarga lara untu.” Ukara pitakon sing pas yaiku . . . .

a. Kapan Ranto nangis?

b. Sapa sing nangis?

c. Ngapa Ranto nangis?

d. Piye Ranto nangis?


9. Ukara pitakon dipungkasi kanthi tanda . . . .

a. titik (.)

b. koma (,)

c. pitakon (?)

d. pakon (!)


10. Dewi bocah pinter amarga . . . .

a. sregep sinau

b. keset sinau

c. seneng dolanan

d. seneng nonton tivi


11. Lilis bocah sing gemi, mula tabungane akeh banget. Gemi tegese . . . .

a. seneng jajan

b. pelit / medit

c. seneng nabung

d. seneng njaluk


12. Yen diparingi, apike matur . . . .

a. matur nuwun

b. sugeng enjang

c. pangapunten

d. nuwun sewu


13. Pamarentah netepake tanggal 2 Mei minangka . . . .

a. Hari Kebangkitan Nasional (Harkitnas)

b. Hari Pendidikan Nasional (Hardiknas)

c. Hari Pramuka

d. Hari Olahraga Nasional (Haornas)


14. Pahlawan Indonesia sing diarani Bapak Pendidikan Nasional yaiku . . . .

a. Ir. Soekarno

b. Pangeran Diponegoro

c. Ki Hajar Dewantara

d. R.A. Kartini


15. Ki Hajar Dewantara ngedegake sekolah sing jenenge . . . .

a. Sekolah Taman Siswa

b. Sekolah Taman Nasional

c. Sekolah Taman Kanak-Kanak

d. Sekolah Taman Rakyat


16. Nalika isih timur, Ki Hajar Dewantara asmane . . . .

a. Sri Paku Alam

b. R. M. Suwardi Suryaningrat

c. Raden Mas Antawirya

d. Pangeran Mangkubumi


17. Aku seneng mangan bakso, dene Bapak remen  . . . . pecel.

a. siram

b. ngunjuk

c. dhahar

d. sare


18. Simbah dirawat ing Rumah Sakit amarga . . . .

a. gerah

b. siram

c. sare

d. tindak


19. Aku . . . . sekolah numpak sepeda.

a. tindak

b. kondur

c. mangkat

d. rawuh


20. Kira-kira jam sepuluh bengi, biasane aku . . . .

a. turu

b. lunga

c. dolan

d. olahraga


[]
close