Contoh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 3 SD

Contoh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 3 SD


Berikut ini adalah beberapa contoh soal untuk PTS (Penilaian Tengah Semester) Bahasa Jawa kelas 3 Sekolah Dasar (SD).


Pilihan Ganda


1. Bocah sing ora gelem sinau iku diarani bocah . . . .

a. kesed
b. loma
c. gemi
d. sregep

2. . . . . jenenge adhimu?

Ukara pitakon ing nduwur kudune diganepi tembung pitakon . . . .

a. sapa
b. ngendi
c. kapan
d. ngapa

Bacalah: Belajar kalimat tanya dan kata tanya dalam bahasa Jawa


3. Mita lan Agus iku bocah sing pinter amarga . . . .

a. sregep nonton tv
b. sregep sinau
c. sregep dolan
d. sregep turu

4. Aku mau . . . . lawuh iwak bakar.

Tembung sing trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaiku . . . .

a. mangan
b. nedha
c. dhahar
d. madhang

Baca: Belajar kalimat bahasa Jawa ngoko lugu dan ngoko alus


5. Nalika lewat ing ngarepane wong kang luwih tua, apike ngendikan . . . .

a. Amet amet
b. Sugeng dhahar
c. Nuwun sewu
d. Sugeng enjang

6. Darman bocah kang gemi. Tabungane akeh banget. Gemi iku tegese . . . .

a. seneng jajan
b. seneng nyelengi
c. seneng sinau
d. seneng olahraga

7. Aku seneng ngombe susu, dene Simbah seneng . . . . kopi.

a. ngombe
b. dhahar
c. ngunjuk
d. nyuwun


Isian

1. Yen diparingi hadiah apike matur . . . .

2. Atiku . . . . banget menawa entuk biji satus.

3. Bapak . . . . kantor nitih sepeda motor.

4. Pandhawa kui duwe watak . . . . , dene Kurawa duwe watak sing ala.

5. Arep mangkat sekolah kudu . . . . marang Bapak lan Ibu.

6. Bocah yen sregep sinau bakal . . . .

7. Aku lan kancaku ngomong nganggo basa ngoko. Yen ngendikan kaliyan bapak ibu ngangge basa . . . .

8. Pandawa sing duwe gaman panah pasopati yaiku . . . .

9. Yen ketemu Bu Guru ing wayah esuk apike ngendikan . . . .

10. Dadi pelajar kui kudu . . . . ing wayah esuk.


Uraian


1. Sebutna sapa bae Pandawa, cacahe ana 5!

www.rifanfajrin.com

Baca cerita Pandawa berikut ini:




2. Urutna tembung-tembung ing ngisor iki dadi ukara kang bener!

ngunjuk - Simbah Kakung - ing - pawon - kopi


3. Gantinen tembung  ing njero kurung nganggo basa krama!

a. Pak Tulus priksa ing dhokter amarga (lara).

b. Bu Ngudi (lunga) menyang Semarang.


4. Nalika kui Jendral Soedirman gerah. Kesehatane Pak Soedirman pancen mrihatinake. Malah lagi bae bubar operasi. Mula entuk kawigaten saka dokter pribadine, yaitu dokter Suwondo.

a. Ukara gerah kui artine . . . .

b. Wacan ing nduwur nyritakake kesehatane . . . .

[]
close