Contoh Cerita Anak Berkarakter Bahasa Jawa - Cerita Cindhelaras



Contoh Cerita Anak Berkarakter Bahasa Jawa - Cindhelaras

Berikut ini adalah contoh bacaan cerita anak berkarakter yang disajikan dalam Bahasa Jawa.
Cerita ini bagus untuk dibacakan kepada anak-anak usia SD sekaligus untuk pembelajaran bahasa Jawa.

Selamat membaca                   .


pelajaran sd

Cindhelaras

Raja Jenggala kang asma Raden Putra iku sawijining raja kang kaloka. Emane kagungan sikep kang kurang wicaksana. Nalika ngadhepi garwane kang angka loro ora bisa tumindak apa-apa kejaba mung manut bae.
Garwa kang angka loro iku pancen ayu temenan. Nanging watake ala. Malah kepara kebangetan olehe ala. Drengki iku tembunge. Luwih-luwih marang sang prameswari.

Dheweke kepengen banget dadi garwa prameswari. Mula banjur golek cara kanggo nyingkirake prameswari saka praja. Mangka sejatine prameswari mau priyayi kang becik.

Ing sawijining dina rancangan mau ditindakake. Dheweke ethok-ethok lara kaya wong lara banget.

Priksa kahanan iku Raden Putra bingung lan banjur mbudidaya gole cara kanggo ngusadani. Cara kanthi ngundang dhukun lan tabib. Salah sijine dhukun kasebut satemene kongkonan garwa kaloro mau. Dheweke banjur njlentrehake sebab-sebabe sang putri nandang lara.

Dikandhakake dening dhukun yen sing nyebabake lara yaiku Sang Prameswari. Sang Prameswari meri marang tresnane sang raja marang garwa angka loro mau banjur ngracun dhaharane.

Midhanget atur kaya ngono iku, Raden Putra banjur utusan patih supaya nggawa sang Prameswari menyang alas lang kadhawuhan nyedani senajan Prameswari lagi nggarbini.

Patih iku wicaksana. Dheweke weruh watak wantune Prameswari lan uga weruh culikane garwa angka loro. Mula Prameswari digawa menyang alas nanging ora diperjaya.

Wiwit iku Prameswari ana ing alas. Ing sawijining dina babaran. Putrane miyos kakung kaparingan asma Cindhelaras.

Cindhelaras dadi bocah kang gagah lan sehat. Dheweke duwe kesenengan kekancan karo kewan. Wektu iku nalika Cindhelaras lagi dolanan weruh manuk rajawali mabur nyedhaki dheweke. Manuk iku nyedhak lan nibakake endhog. Endhog iku luwih gedhe tinimbang endhog kang lumrah.

Endhog iku digawa menyang papane ula. Cindhelaras njaluk tulung mara ula supaya ngengremi endhog mau. Sawise sawetara wektu endhog mau netes. Wujude pitik lanang. Pitik iku banjur diupakara lan cepet gedhe lan dadi jago. Kluruke jago iku, kukuru yuuuk.

Jagone Cindhelaras
Omahe tengah alas
Payobe godhong klaras
Bapake Raden Putra

Krungu kluruke jago iku Cindhelaras banjur matur marang ibune. Mesthi bae sang ibu banjur njlentrehake asal-usule. Mireng ngendikane Prameswari, Cindhelaras bakal nemoni bapakne. Cindhelaras kanthi nggawa jagone nuju marang desa-desa. Jagone diedu karo jagone wong desa. Kabeh padha kalah.

Pranyata kabar sektine jagone Cindhelaras kapireng dening sang Raja. Sang Raja uga kepengin ngedu jagone karo jagone Cindhelaras. Nalika ketemu Cindhelaras lan padha sarujuk anggone arep adu jago. Cindhelaras ngetohake nyawane dene sang Raja yen kalah kudu masrahake separo Negara.

Sawise jagone tarung, katon yen jagone Cindhelaras luwih kuwat lang menang. Raden Putra ora mblenjani janji, nanging banjur takon sejatine Cindhelaras. Cindhelaras banjur nyedhaki jagone. Jago banjur kluruk kaya biasane. Krungu kluruk iku, Raden Putra banjur priksa yen Cindhelaras iku putrane.

Ki Patih tanggap banjur urmat lan ngrumangsani luput. Nanging Raden Putra malah ngaturake panarima lang enggal nggawa bali Prameswari menyang kraton lan midana garwa kang angka loro.


Katrangan tembung:
ngusadani                           : nambani (mengobati)
nggarbini                             : ngandhut (hamil)
njlentrehake                      : nerangake (menerangkan)
mrejaya                               : mateni (membunuh)
mblenjani                            : nginggati (mengingkari)

Demikianlah contoh cerita anak berkarakter yang disajikan dalam Bahasa Jawa, sebagai penanaman moral dan karakter mulia kepada anak khususnya pada usia Sekolah Dasar, sekaligus sebagai pembelajaran bahasa Jawa.

Semoga bermanfaat.
close