Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester Ganjil tahun 2017/2018

Contoh Soal UTS Bahasa Jawa Kelas 3 SD Semester Ganjil tahun 2017/2018



I.  Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d minangka wangsulan kang bener!
Wacan kanggo soal nomer 1-6.

Plesir Menyang Semarang
 Dhek dina Minggu, Joko diajak bapak lan ibune menyang daleme simbah. Simbahe Joko daleme ing Semarang. Joko, bapak, lan ibune budhal saka Solo jam 05.00. Tekan kana jam 08.00.
Sawise tekan daleme simbahe, Joko salaman karo simbah lan sedulure. Sawise kuwi, Joko lan kulawargane mangan bareng-bareng. Sabubare mangan bareng, Joko lan kulawargane dolan menyang Museum Ranggawarsito lan Pasar Johar Semarang. Joko bungah banget bisa ketemu karo kulawargane.



1. Sapa sing dolan menyang daleme simbahe?
a. Joko c. Simbah
b. Kulawargane d. Sedulure

2. Pirang jam suwene laku saka Solo tekan Semarang?
a. 2 jam c. 5 jam
b. 3 jam d. 8 jam

3. Joko dolan menyang ngendi?
a. Tugu Muda c. Lawang Sewu
b. Museum Ranggawarsito d. Kebun Binatang

4. Plesir menyang Semarang. Tembung plesir tegese ....
a. lunga c. tindak
b. kesah d. dolan

5. Joko budhal saka Semarang jam 05.00. Tembung budhal padha tegese karo ....
a. nganti c. tekan
b. mangkat d. dugi

6. Joko bungah banget bisa ketemu karo kulawargane. Bungah tegese ....
a. susah c. seneng
b. sedhih d. Lucu

7. Gatekna gambar ing ngisor iki!
  Para warga lagi padha nonton ....



a. kethoprak
b. wayang
c. reog
d. jathilan

8. Ki Mantep Sudarsono gaweane nglakokake/mainake wayang. Ki Mantep diarani ....
a. dhalang c. niyaga
b. sindhen d. waranggana

9. Wayang kulit biasane dilakokake/dimainake ing wayah ....
a. esuk         c. sore
b. awan d. bengi

10. Anak matur karo wong tuwa iku nggunakake basa ….
a. krama alus c.  krama lugu
b. ngoko alus d.  ngoko lugu

11. Aku … buku Pepak Basa Jawa.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ….
a. maca c. maos
b. ngrungokake d. mirengake

12. Bapak … ing kamar.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku ….
a. turu            c. sare
b. tilem d. ngaso

13. Bapak tindak kantor … sepeda motor.
Tembung kang cocog kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ….
a. Numpak c. karo
b. Nitih d. nggawa

14. Aku mau … lawuh kakap bakar.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing ndhuwur yaiku ….
a. mangan c. dhahar
b. nedha d. maem

15. Kancaku tiba numpak pit, aku banjur ….
a. nulungi  c.  keplok – keplok
b. nyokorake d.  ngguyu

16. Karo kanca sekelas, iku becike kudu ….
a. rukun c.  padudon
b. congkrah d.  nesu

17. Ketemu pak guru ana dalam kudu ngucapake ….
a. salam c.  ngapura
b. matur nuwun d.  pamit

18. Nalika padhang bulan, aku lan kanca-kanca dolanan ….


a. layangan
b. dhakon 
c. jamuran
d. nekeran

19. Ayuk lan adhine lagi dolanan ….


a. bekelan
b. dhakon
c. layangan
d. pasaran


17. Dolanan kaya ing ndhuwur kudune dimainake dening wong ….
a. loro c. papat
b. telu d. lima

18. Mita lan Agus pinter amarga ….
a. sregep nonton TV c. sregep sinau
b. sregep dolan d. sregep turu

19. Omahe Sigit ciyut banget. Anane mung kamar 1, pawon, lan ruang tamu. Tembung ciyut tegese ….
a. cilik c. amba
b. gedhe d. dawa

20. Darman bocah kang gemi. Tabungane akeh banget. Gemi tegese ….
a. seneng jajan c. seneng nyelengi
b. seneng sinau d. seneng olahraga

21. Nampa tamu kudu ….
a. sumeh c.  njegadul
b. mrengut d.  ndomblong

22. Ukara pitakon dipungkasi nganggo tandha ….
a. titik ( . ) c.  pitakon ( ? )
b. koma ( , ) d.  pakon ( ! )

23. . . . jenenge adhimu?
a. sapa c.  ngendi
b. kapan d.  ngapa

24. Aku nandur . . . melati.
a. godhong c.  kembang
b. buah d.  wiji

25. Aji kepethuk kancane. Tembung kepethuk tegese ….
a. bareng c.  pisah
b. ketemu d.  ngeterake

II. Jangkepana ukara iki mawa wangsulan kang cekak aos! 

1. Supaya dadi bocah pinter kudu sregep ….
2. Aku nonton wayang ing ….
3. Aku ngombe . . . ing kantin sekolah.
4. Bocah lanang seneng dolanan … ing lapangan.
5. … regane sepatumu?
6. Prabu Dewata Cengkar nduwe watak sing ala. Dene Ajisaka iku nduwe watak sing ….
7. Atine Salma bungah banget mergo diparingi hadiah ulang tahun. Tembung bungah tegese yaiku ….
8. Heri menyang Tegal . . . sepur saka Stasiun Poncol.
9. Wong sing mainake wayang sinebut ….
10. Bapak kondur terus sare, aku yo kepengin . . . merga wis ngantuk.

III. Wangsulana pitakonan-pitakonan iki kanthi trep!

1. Gantinen tembung ing njero kurung nganggo basa krama inggil!

a. Pak Tantowi priksa ing dhokter amarga (lara).
b. Bu Sugeng (lunga) menyang Jogjakarta.

2. Urutna tembung-tembung ing ngisor iki dadi ukara kang bener!
         ngunjuk – Simbah Kakung – kopi – ing – pawon

3. Sebutna jenenge dolanan tradhisional kang kongerteni (3)!

4. Gawea ukara pitakon siji wae!

5. Critakna gambar ing ngisor iki nganggo basamu dhewe!




close