Contoh Soal UTS Semester 2 (Genap) Bahasa Jawa Kelas 3

Pelajaran SD - Contoh Soal UTS Semester 2 (Genap) Bahasa Jawa Kelas 3

I. Wenehana tandha (X) ing aksara a, b, utawa c minangka wangsulan kang trep!
Wacan kanggo nomer 1 – 4!

Menyang Tlaga Sarangan
Dhek dina Minggu kapungkur, Nindya lan kluwargane  rekreasi menyang Tlaga Sarangan. Jam enem esuk wis padha budhal sarana numpak mobil. Paklik Kirun lan Bulik Hesti uga nderek.

Ing Tlaga Sarangan hawane seger banget. Angine semilir ora sepira adhem. Ing sakiwa-tengene tlaga akeh wit-witan kang katon ijo royo-royo. Banyune biru maya-maya nambahi asri lan endahe sesawangan. Pinggir tlaga akeh kekembangan ing maneka warna. Yen kepingin seneng-seneng ing tlaga uga disediyani prau sewan. Nindya diajak Bapake numpak jaran mubeng-mubeng sapinggire tlaga.

Watara jam telu sore rombongan kluwargane Nindya banjur padha bali. Sadurunge bali Bapak lan Ibu mundhut jajan kanggo oleh-oleh sing ana ngomah. Nindya dipundhutake dolanan boneka dening Ibu. Udakara jam enem sore kabeh wis padha tekan omah. Lunga menyang Tlaga Sarangan nyenengake ati. Nindya ora bakal lali.

1. Sapa wae paraga/lakon ana ing dhuwur?
a. Nindya, Bapak, Ibu, Paklik Kirun, Bulik Hesti.
b. Nindya, Paklik Kirno, Bulik Heni, Bapak, Ibu.
c. Paklik Kirun, Bulik Hesti, Nanda.
d. Bapak, Ibu, Paklik Kirun, Nindi.

2. Kepriye hawa ing Tlaga Sarangan?
a. Hawa adhem, angin kenceng banget.
b. Hawa seger, angin semilir ora sepira adhem.
c. Hawa panas, angin semilir.
d. Hawa sumuk, ora ana angin.

3. Jam pira Nindya budhal lan jam pira tekan omah?
a. Jam telu esuk wis padha budhal, tekan omah jam enem sore.
b. Jam telu esuk wis padha budhal, tekan omah jam telu sore.
c. Jam enem esuk wis padha budhal, tekan omah jam telu sore.
d. Jam enem esuk wis padha budhal, tekan omah jam enem sore.

4. Kepriye pengalamane Nindya ing Tlaga Sarangan?
a. Pengalaman sing nyenengake ati. c.  Pengalaman sing medeni.
b. Pengalaman sing nyedhihake. d.  Pengalaman sing mbebayani.

5. Aku … banget amarga biji ulanganku elek. 
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara yaiku ….
a. sedhih c.  wedi
b. seneng d.  nesu

6. Aku didukani Ibu amarga playon (mlayu-mlayu) ing … omah.
Tembung kang trep kanggo ukara ing ndhuwur yaiku ….
a. ngisor c.  ndhuwur
b. njaba d.  njero

7. Nalika wengi, ing desaku … banget. Ora ana wong ing njaba omah.
Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku ….
a. rame c.  sepi
b. elek d.  apik

Pacelathon kanggo soal 8 – 11!
Mufid : “Halo, sugeng dalu.”
Atik : “Sugeng dalu.”
Mufid : “Menika sinten nggih?”
Atik : “Kula Atik. Saged matur kaliyan Mufid?”
Mufid : “Owh, Atik. Iki aku Mufid. Piye, Tik?”
Atik : “Fid, aku sesuk ora bisa melu sinau bareng ing omahe Dinda amarga mbahku gerah. Aku sesuk arep tuwi (tilik) mbahku. Ngapuntene ya, Fid.”
Mufid : “Iya ora apa-apa, Tik.”

8. Sapa wae sing nindakake pacelathon?
a. Mufid lan Atik c. Atik lan Dinda
b. Mufid lan Dinda d. Atik lan simbah

9. Kapan Atik nelpun Mufid?
a. wayah esuk c. wayah sore
b. wayah awan d. wayah bengi

10. Kenangapa Atik nelpon Mufid?
a. Atik takon PR basa Jawa. c. Atik ora bisa sinau bareng.
b. Atik ora mlebu sekolah. d.Atik ngajak tuwi (tilik) mbahe.

11. Kenangapa Atik ora bisa menyang omahe Dinda?
a. Amarga mbahe gerah. c. Amarga awake lara.
b. Amarga adhine lara. d. Amarga Dinda lara.

12. Aku lagi mangan gethuk, Bapak uga ... gethuk.
a. mangan c.  ngunjuk
b. nedha d.  dhahar.

13. Bapak karo Ibu wis ... saka Jakarta.
a. bali c.  kondur
b. mantuk d.  mulih

14. Atine Sugi bungah banget. Tembung bungah tegese/artine ....
a. sedhih c.  lara
b. seneng d.  mangkel

15. Aji kepethuk kancane. Tembung kepethuk tegese ....
a. ketemu c.  bareng
b. pisah d.  ngetutke

16. Ukara kang trep / pas adhedhasar gambar ing ngisor iki yoiku ...
a. Simbah makani pitik ing latar.
b. Simbah lagi angon bebek.
c. Simbah seneng ngingu truwelu.
d. Simbah ora remen dhahar daging kambing


17. Ukara kang trep adhedhasar gambar ing ngisor yaiku ....
a. Aku sakeluarga dolan menyang Gembiraloka
b. Renang ing kolam pancen nyenengake
c. Pemandhangan elok ing sekitare candi 
d. Dolanan banyu ing pantai

18. Latar omahe Jikun jembar. Tembung kosok balen (antonim) jembar yaiku ....
a. amba c.  adoh
b. ciyut d.  cedhak

19. Wong sing mainake wayang sinebut ....
a. niyaga c.  dhalang
b. waranggana d.  sindhen

20. Supaya akeh kawruhe kudu sregep ....
a. sinau c.  mangan
b. dolanan d.  kerja

21. Pambarepe Pandhawa yaiku ....
a. Puntadewa c.  Arjuna
b. Pandhu         d.  Nakula

22. Puntadewa kuwi gelare ....
a. Prabu Krisna c.  Prabu Janaka
b. Prabu Pandhu d.  Prabu Yudhistira

23. ___________________________
a. dara lara c.  ana dara
b. lara mata d.  sapa lara

24. ____________________________
a. maca cara jawa c.  ana dara sanga
b. jaka gawa bata d.  bawa lara mata

25. Sasi tuku gula
a. _________________________ c.  __________________________

b. _________________________ d.  __________________________


II. Isinen ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang mathuk!

1. Prabu Dewatacengkar kecemplung segara kidul. Tegese kecemplung yaiku ….

2. Aku lan kanca-kancaku … ing lapangan. Anggonku surak-surak gawe swaraku entek.
Ukara kang mathuk kanggo ngisi ceceg-ceceg yaiku ....

3. Kancaku tiba saka pit, aku banjur ….

4. Aji kepethuk kancane ing Simpang Lima. Tegese kepethuk yaiku ….

5. Aku seneng … sega goreng.

6. Pakdhe lan budhe seneng … bakso.

7. Nalika arep menyang toilet, Hafid matur Pak Guru kaya mangkene,  “Pak, .... badhe dhateng ….”

8. Srengenge muncul (matahari terbit) ing sisih ….
  Putra lan Gilang dolanan … ing latar.  
9.

10. Dolanan kaya gambar nomer 9 biasane dilakoni bocah ….

III. Wangsulana Pitakonan Kanthi Trep!

1. Gaweya ukara nganggo tembung-tembung iki!
a. Mangkat
b. Mangan

2. Gantinen nganggo basa krama kang trep!
a. Bapak wis ngombe obat.
b. Simbah turu amarga lara.

3. Tembung Kosok Balen (Antonim)
a. Sedhih ><   . . . . 
b. Bengi ><   . . . .
4. Critakna gambar ing sisih kiwa iki nganggo basamu dhewe luwih saka 3 ukara!





5. Tulisen nganggo aksara Jawa!
a. Jaka ana kana
b. Aku tuku sawi


Demikian Contoh Soal UTS Semester 2 (Genap) Bahasa Jawa Kelas 3
semoga bermanfaat
close