Contoh cerita anak berkarakter (bahasa Jawa) - Cerita Keyong Mas

Berikut ini adalah contoh bacaan cerita anak berkarakter yang disajikan dalam Bahasa Jawa.
Cerita ini bagus untuk dibacakan kepada anak-anak usia SD sekaligus untuk pembelajaran bahasa Jawa.

Selamat membaca.



Randha Dhadhapan Nemu Keyong

Ing sapinggiring alas Sidakarsa ana randha papat cacahe. Sing siji aran Mbok Randha Dhadhapan. Randha Dhadhapan duwe anak lanang siji aran Jangkung. Jangkung iku bocah sing lugu. Polah tingkahe sarwa ngguyokake.

Randha papat pada kesrakat uripe. Gaweane adol godhong. Ing sawijjining dina bengawane rada asat. Mbok randha papat nggawa sosog kanggo golek iwak. Mbok Randha Dhadhapan direwangi anake si Jangkung.

Randa sing telu begja, oleh iwak akeh. Dene Mbok Randha Dhadhapan siyal dhewe ora oleh iwak siji-sijia. Jangkung nggrundel, “Biyung kojur ora oleh apa-apa, uceng pileg wae ora.”

Kancane telu wis padha bali, kari Randha Dhadhapan lan Jangkung. Randha Dhadapan krasa kesel, nuli leren ing sangisoring wit gedhe. Nalika iku ana pandhita nyedhaki.

“E, Dhadhapan, wis awan kok during mulih, apa kang koktindakake karo anakmu?” pitaokone pandhita iku.

“Kula pados ulam, nanging ngantos siyang dereng angsal setunggal-setunggala. Dene griya kula ing dhukuh pinggir wana Sidakarsa ngriki. Lha panjenengan menika sinten, Begawan?” Mbok Randha mangsuli.

“Aku Resi Anda. Omahku ing Ujung Supama ora adoh karo wismamu. E, Dhadhapan, ing pinggir kali ini ana keyog loro cacahe. Enggal jupuken lan ingunen! Keyong iku bakal nggawa begja.”

“Panjenengan menika kados pundi. Tiyang pados ulam boten pikantuk kok dipunparingi keyong. Keyong alit-alit menika kangge menapa, mboten nuwuki. Menawi badhe tetulung inggih maringi ulam!” Jangkung melu mangsuli.

“Jangkung, keyong iki gematenana! Yen kowe luwe, maraa menyang omahku, mengko dakparingi pangan!” ujare Resi Anda.

Randha Dhadapan nuhoni dhawuh, enggal marani dununge keyong. Keyong katon mencorong pindha sesotya. Pancen sejatine keyong iku panjelmane Kusuma Dewi Candrakirana lan Dyah Ayu Ragilkuning. Kang mengkono awit kersaning sang Wiku Resi Anda.
close